Andalusia (basa Spanyol:Andalucía) ikukomunitas otonomiSpanyol. Andalusia iku wewengkon otonomi kang paling padhet kang ndunungi lan kang kaloro gedhé dhéwé saka 17 wewengkon kang amangun Spanyol. Kutha krajané ya ikuSevilla.
Jeneng Andalusia asal saka jenengbasa Arab "Al Andalus", kang tegesé péranganingjazirah Iberia kang biyèn ana ing ngisor papréntahanMuslim. Sajarah Islam Spanyol bisa tinemu ing "gapura"al-Andalus.Tartessos, kutha krajan Peradaban Tartessos kang biyèn agung lan kuwasa, dumunung ing Andalusia, lan kaloka sajeroning Alkitab kanthi jeneng Tarsus. Luwih akèh informasi bab wewengkon iki bisa tinemu sajeroningentriHispania Baetica, jeneng provinsi Romawi kang biyèn dumunung ing wewengkon iki.
Budaya Andalusia akèh kadayan déning papréntahan Muslim ing wewengkon iku sajeroning wolung abad, kang pungkasan taun 1492 kanthi penaklukan Granada déning ratu lan ratu Katulik.
Basa Spanyol kang digunakaké ingbawana Amérika lumrahé minangka turunan sakadhialèk Andalusia sakaSpanyol Castilian amarga peranan kang dimainaké déning Sevilla minangka "gapura" menyang wewengkon-wewengkon Spanyol ing Amérika ing abad angka 16 lan 17.