Anatomi kéwan iku sinebutanatomi perbandhingan utawa morfologi kéwan. Manawa arep nyinaoni struktur manéka warna kéwan, lan sinebutanatomi mirunggan manawa mung nyinaoni sakjenis kéwan.
Saka kagunaané, pérangan paling wigati anatomi mirunggan iku nyinaonimanungsa kanthi manéka warna pendekatan kang béda.
Saka pérangan medis, anatomi kapérang saka manéka warna pengetauan bab wangun, papan panggonan, ukuran, lan gandhéngan manéka warna struktur saka badan manungsa séhat saéngga sok diarani anatomi deskriptif utawa topografis.
Karumitan badan manungsa njalari mung sithik ahli anatomi manungsa profésional kang bener-bener nguwasani babagan èlmu iki; sapérangan gedhé duwé spesialisasi ing pérangan tartemtu kaya utek utawa pérangan njero.
Anatomi topografi kudu disinaoni kanthi mbedhah lan mriksa makaping-kaping ing badan manungsa kang wus mati (kadaver).
Anatomi ora mung sakedharèlmu biyasa, nanging kudu bener-bener duwé kaakuratan kang dhuwur amarga bisa dipigunaaké ing situasi kang darurat.
Patologi anatomi iku èlmu bab organ kang duwé kelainan lan ana ing kaanan lara. Èlmu iki diterapaké kanggo manéka warna tujuan kaya bedhah lan ginekologi.
Saiki anatomi dikenal dadi èlmu kang kasusun sistematis. Pendhak pérangan anatomis (kayasaraf,arteri, lan liyané) diklumpukaké miturut sistem organé. Tujuanné yaiku kanggo nggampangaké pamahaman pérangan mau ing èlmu liyané kayafisiologi,bedhah, lanpatologi.