Amérikah Sarékat (basa Inggris:United States of America) utawa lumrahé dicekak dadiAS iku nagara fédheral sing wewengkoné ana ingAmérika Lor lanOséania. Ditilik saka sing ndunungi, nagara iki sing palinggedhé kaping telu sadonya sawiséRépublik Rakyat Cina lanIndia. Kutha krajan Amérika Sarékat yaikuWashington, DC. Amérika Sarékat iku nagara adidaya. Nagarafédheral iki kasusun saka 50 nagara pérangan. Saka 50 praja iki, loro papané ana ing dharatan, banjur saiki minangkaèksklav ing sisih lor lan siji iku laladan kapulowan. Saliyané iku Amérika uga nduwé jajahan:Puerto Riko,Guam,Samoa Amérikah,Kapuloan Mariana Lor, lanKapuloan Virgin.
Amérika Sarékat iku nagaradhémokrasi konstitusional kanthi sistemthree-tier lan institusikehakiman kang bébas. Ana telung tataran yaiku tataran nasional,praja lan papréntahan lokal yang duwèni badanlègislatif sartaèksekutif kanthi babagan kuwasa dhéwé-dhéwé. Nagara iki migunakaké sistem persekuthuan utawafederalisme yaiku wujud pambagéan kakuwasan antaranénagara punjer lanpraja. Nagara punjer kuwasa marang sawatara prakara kaya ta pancithakandhuwit sarta kawicaksananpertahanan. Nanging, praja-praja kuwasa nemtokakéhak lanundhang-undhang dhéwé-dhéwé kaya ta hak ngguguraké bayi lan ukuman maksimal sajeroning undhang-undhang.
Siji èlemèn kang cetha ing Amérika yaiku dhoktrinpambagéan kuwasa. Pasal 1 nganti 3Konstitusi Amérikah, wis nggarisaké kanthi rinci bab kuwasa-kuwasa Nagara kang utama yaikuèksekutif,lègislatif dankehakiman.Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama sajeroning nagara Amérika lan bab iki komplit banget saéngga ora ana siji cabangnagara kang duwé kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyané.
Ing nagara iki kabèhrakyat kang umuré wis ngancik 18 taun duwé hak milih.Pemilu kanggo pamilihanprésidhèn dianakaké saben patang taun sapisan lan sing pungkasan yaiku ing sasi November2004.
Nalikanyatakakékamardikan Amérika Sarékat, telulaskoloni owah dadi praja-praja. Wiwitané praja-praja iki nyawiji minangka sawijiningpersekuthuan nanging banjur dadi nagara kang nyawiji. Taun-taun sabanjuré, cacahing praja tansaya tambah kanthi mlebuné praja-praja ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawatara praja-praja kang wis ana. Saben praja dipérang sajeroningcounties (kaya dénékabupatèn),cities (kaya déné kuthamadya utawa kutha otonom) lantownships (kaya dénékacamatan).
Uga duwèni iklim warna-warna gumantung kaanan géografis, wiwit saka iklimtropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ingFlorida ngantitundra (anyep sadawaning taun) ingAlaska. Sapérangan nagara iki duwé mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang anyep. Sawetara pérangan AS, kaya ta péranganCalifornia, duwé iklimMediterrania.