Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Alpen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alps
Range
CountriesOstenrik,France,Germany,Switzerland,Italy,Slowén,Liechtenstein
Highest pointMont Blanc or Monte Bianco
 - elevation4,808 m (15,774 ft)
Digital relief of the Alps

Alpen (JermanAlpen;ItaliaAlpi;PrancisAlpes;Rhéto-RomanAlps;SlowénAlpe) iku jenengépagunungan gedhé ingÉropa, mujur wiwit sakaOstenrik lanSlowén ing sisih wétan, nganti tekanItalia,Switserlan,Liechtenstein lanJerman ngantiPrancis ing sisih kulon. Tembung "Alpen" dijupuk dadibasa Prancis sakabasa LatinAlpes (tegesé "the Alps"), kang kadayan déning tembung Latinalbus (putih) utawaaltus (dhuwur) utawa luwih mèmper tembung Latin kang asliné sakabasa Celtic utawabasa Ligurian.

Pucuk kang paling dhuwur ing Alpen ya ikuMont Blanc, dhuwuré watara 4808 m, ing tapel wates Prancis-Italia. Kabèh pucuk ing Alpen bisa tinemu ingpratélan gunung ing Alpen lanpratélan pucuk Alpen miturut kaunggulan.

Géografi

[besut |besut sumber]

Pamérangan

[besut |besut sumber]
Barkas:Alps in the Chamonix Valley, near the Mer de Glace.jpg
The west face of thePetit Dru above theChamonix valley near theMer de Glace.
The Alps with international borders marked
Großglockner, sKidul Salzburg, Ostenrik

Alpen lumrahé dipérang dadi loro, ya ikuAlpen Kulon lanAlpen Wétan. Pamérangané miturut garis wiwitTlaga Constance lanTlaga Como, nurut KaliRhine. Alpen Kulon luwih dhuwur, nanging luwih ujuré cendhak lan menggak-menggok; dumunung ingItalia,Prancis lanSwitserlan. Alpen Wétan (pagunungan utama) manggon ing tlatahOstenrik,Jerman,Italia,Liechtenstein,Slowén lanSwitserlan. Pucuk-pucuk paling dhuwur ing Alpen Kulon ya ikuMont Blanc, 4808 m,Mont Blanc de Courmayeur 4748 m,Dufourspitze 4634 m lan pucuk liyané ing golonganMonte Rosa, lanDom, 4545 m. Pucuk paling dhuwur ing Alpen Wétan ya ikuPiz Bernina, 4049 m.

Alpen Wétan lumrahé dipérang miturut bédalithology (komposisi watu) saka pérangan kang luwih tengah lan golongan ing pinggiran lor lan kidul:

Wates antara Alpen Tengah karo Alpen Kidul ya iku tlatahPeriadriatic Seam, déné Alpen Kapur Lor dipisahaké saka Alpen Tengah Wétan ing tlatahGrauwacken Zone.

Alpen Kulon lumrahé dipérang miturut géografi dadi:

Jèjèran pagunungan kang luwih cendhèk mujur sajajar karo Alpen, kalebu pagununganPrealpen Prancis.

Pamérangan géologi béda manèh, lan ora mbédaaké antara Alpen Kulon lan Wétan:Helveticum ing sisih lor,Penninicum lanAustroalpine system ing tengah lan kiduléPeriadriatic seamSouthern Alpine system lan péranganingDinarides.


Uga delengen

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniAlps.
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika,artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Alpen&oldid=1692369"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp