Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Alkmene

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
WiyosipunHerakles,Jean Jacques Francois Le Barbier

Wonten ingmitologi Yunani,Alkmene (Basa Yunani: Aλκμήνη) punika IbuHerakles[1].Alkmene punika lareElektrion, rajaMikenai. Ibunipun punika sagedAnaxo, putriAlkaios lanAstidamia, utawiLisidis, putriPelops lanHippodameia. Hesiod nggambaraken Alkmene minangka wanita ingkang ayu praupanipun, wicaksana, lan hurmat dhateng garwanipun.

Dipunbeta dhateng Thebes

[besut |besut sumber]

MiturutApollodoros, Alkmene kesah kaliyanAmfitrion dhatengThebes, Amfitrion dipunsucekaken déningKreon (raja Thebes) saking rajapejah boten sengaja ingkang dipunlakoni marang Elektrion. Alkmene boten purun kagarwa Ampfitrion dumugi Alkmene saged paring piwales marang sédaning sedhèrèk-sedhèrèkipun. Nanging nalika èkspèdhisi Amfitrion nglawan kaumTafos lan kaum Telebos.Zeus nyamar dados Amfitrion lan tindak dhateng Alkmene. Damel wekdal satunggal dalu punika langkung dangu, Zeus sare kaliyan Alkmene saéngga Alkmene ngandhut banjur nyariosaken menangipun Amfitrion awit saking kaumTelebos. Nalika Amfitrion kondur dhateng Thebes, Alkemene matur bilih Amfitrion samoun naté dugi lan saré sesarengan. Amfitrion asli mangertos sakingTeiresias menapa ingkang dipunlakoni déning Zeus[2].

Wiyosipun Herakles

[besut |besut sumber]

Wonten ingIliad anggitanipunHomeros, nalika Alkmene badhé nglairaken Herakles, Zeus paring wara-wara dhateng sadaya déwa bilih ing dinten punika badhé wiyos bayi keturunan saking Zeus ingkang samangké badhé mréntah sadaya ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun.Hera, sasampunipun nyuwun Zeus supados nglampahi sumpah awit saking pangandikan punika mandhap sakingOlimpus dhatengArgos lan damel garwanipunSthenelos (lare sakingPerseus) nglairakenEuristheus sanajan nembé pitung wulan. Wonten ing wekdal ingkang sami, Hera nyegah Alkmene nglairaken Herakles. Pérangan punika ndadosaken sumpah Zeus dhateng Euristheus boten ing Herakles.

MiturutMetamorphoses karyanipunOvidius, Alkmene punika sisah nalika badhé nglairaken Herakles. Sasampunipun pitung dinten pitung dalu nglampahi gerah, Alkmene ngulur astanipun lan nyuwun dhatengEileithyia, dewi kelahiran. Nanging, nalika Eileithyia dugi ing Alkmene, Hera paring prentah supados mandegaken prosès kelairan punika. Kanthi asta ingkang katekuk lan sukunipu kasilangaken, Eileithyia ngaturaken mantra supados Alkmene boten lairan. Alkmene rumaos gerah sanget, lajengGalanthis pelayanipun Alkmene ingkang wonten ing mriku mirsani menapa ingkang dipunlampahi déning Eileithyia lan kanthi rikat saged mendhet dudutan menapa kersanipun Hera. Galanthis banjur matur bilih Alkmene sampun nglairaken bayi kanthi slamer, Eileithyia kaget banjur mlumpat saéngga Alkmene bébas saking mantra lan Herakles wiyos kanthi slamet. Minangka hukuman amargi sampun ngapusi Eileithyia, Galanthis dadosmusang nanging taksih mapan kaliyan Alkmene.

Wonten ing cariyosPausanias, Hera ngirim panyihir supados Herakles boten wiyos. Para panyihir mau kasil dumugiHistoris, putri Teiresias damel rencana kanggé ngapusi para panyihir. Kados Galanthis, Historis paring wara-wara bilih Alkmene sampun nglairaken putranipun. Para panyihir ingkang kapusan punika banjur kesah lan Alkemene saged lairan.

Sedanipun Alkmene

[besut |besut sumber]

Wonten kalih pamanggih babagan sedanipun Alkmene. Miturut tiyang Megara, Alkmene ingkang nembé mlampah saking Argos dumugi Thebes nalika séda wonten ing Megara. ParaHereakleid (lare-lare Herakles) dèrèng pikantuk papan kanggé ngubur Alkmene. Wonten tiyang ingkang ngersakaken jenazah Alkmene dipunbeta malih dhateng Argos, lajeng wonten ugi ingkang ngersakaken dipunkubur ing Thebes ngengingi Amfitrion ugi dipunkubur wonten ing Thebes. Wasana, Alkmene dipunkubur wonten ing Megara awit pamrayogi sakingOrakel Delphi. Versi kaping kalih punika saking tiyang Thebes, nalika Alkmene séda punika dadoswatu. Pausanias nedahaken bilih altar kanggé Alkmene dipunyasa wonten ingKynosarges ingAthena wonten sisihipun altar kanggé Herakles,Hebe, lanIolaos. Pausanias ugi ngendika bilih makan Alkmene mapan wonten ing Megara.

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. [1][pranala mati permanèn], (id) Mitologi Yunani (dipunakses tanggal 30 Januari 2013).
  2. [2][pranala mati permanèn], (id) Alkmene (dipunakses tanggal 30 Januari 2013).

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Alkmene&oldid=1712326"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp