Ganagara Dhémokratik Rakyat Algir[1][2][3][4] (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية,basa Berber:Tagduda tamegdayt taɣerfant tazzayrit) utawa sok diaraniAlgir iku nagara ing tlatahMaghribi,Afrika. Yèn miturut ambané wewengkon, Algir minangka nagara gedhé dhéwé ingSagara Tengah, gedhé dhéwé ingDonya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika[5] sawiséSudan, lan kaping sewelassa donya.[6] Aljazair bakal dadi nagaraAfrika gedhé dhéwé sawisé wewengkonSudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.
Algir wewatesan karoTunisia ing sisih lor-wétan,Libya ing sisih wétan,Maroko ing sisih kulon,Sahara Kulon,Mauritania, lanMali ing sisih kidul-kulon,Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatahSagara Tengah ing sisih lor. Algir jembaré ana 2.400.000 km2, lan sing ndunungi kira-kira ana 35,7 yuta.[7] Kutha krajané yaikuAljir.
TembungAl-jazā’ir (الجزائر) sajeroningbasa Arab tegesé "pulo-pulo", asliné iku cekakan sakaJazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé "pulo-pulo kaum Bani Mazghana". Istilah sepisanan dipigunakaké déninggéografer jaman pertengahan kaya taMuhammad al-Idrisi.
Ing jaman klasik, laladan Aljazair lor uga diaraniNumidia, kang biyèn wates wewengkoné uga kalebuTunisia kulon lanMaroko wétan.
Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana antarané 19° lan 37°lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9°bujur kulon lan 12°bujur wétan. Lumrahé laladan pasisir Aljazair wujud pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.
Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقارjibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka laladan dhataran dhuwur ing tengahéara-ara Sahara, ing wewengkon Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan iku kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka kutha krajan Aljir.Tamanrasset yaiku kutha kang ana ing kana.
Aljazair iku dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Dhémokrasi 2010[8] saka kalawarti internasionalThe Economist. LaporanFreedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérika Sarékat mènèhi Aljazair peringkat "ora bébas".[9]
Présidhèn minangka kepala nagara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taunan. Sajatiné biyèn mangsa kalungguhan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.[10]Padunung Aljazair duwé hak pilih ing umur 18 taun.[5]
Parlemèn Aljazair iku wujud sistem rong kamar (bikameral).
Aljazair duwé cacah sing ndunungi 34.895.000 (prakiran Januari 2010), yaiku 99% minangka ètnis Arab utawa Berber.[5] Turunaning para pangungsi sakaAndalusia, uga ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha-kutha liya.[11] Mèh ora ana wong-wong katurunanÉropa ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara iku sakaPrancis.[12]