Penjenenganipun miyos wonten ingGuebwiller,Alsace.[3]Kastler pindah dhatengHorbourg kaliyan bibipun (saking pihak ibu) supados saged sumingkir saking perang dunya.[3]Penjenenganipun nimba kawruh kaliyanOberrealschule saking Colmar.[3]Nalika taun 1919 Kastler punika pindah saking ngèlmu fisika dhateng babagan pandhidhikan sastra (basaPrancis), nalika taun1920 penjenenganipun angsalAbitur.[3]
Panjenenganipun ugi naté mlebet ing sekolah kelas matematika mirunggan satunggal taun laminipun, 1921-1926 panjenenganipun lulusÉcole Normale Supérieure, sasampunipun lulus dipunlajengaken ngulawentah babagan ngèlmu fisika sakingHenri Abraham kaliyanEugene Bloch, guru-guru punika ingkang nepangaken ngèlmu fisika atom wonten ing Fakultas Ilmu saking Universitas Paris, panjenenganipun nyinau babagan ngèlmu fisika sakingCharles Fabry,Aimé Cotton sartaAnatole Leduc nalika taun 1923, ing taun punika panjenenganipun ugi angsal idin ngèlmu fisika sarta ngèlmumatematika.[3] Nalika taun 1923 ngantos taun 1924 penjenenganipun ngaso sakingstudi amargi kesel sartadepresi.[3]Taun sasampunipun, panjenenganipun nyiapakengelar sarjana dipunbimbing déningGeorges Urbain.[3]
Nalika taun 1926 panjenenganipun dados profesor fisika ingkang kapisan wonten ing sekolah tinggiMulhouse (1926-1927),Colmar (1927-1928) sartaBordeaux (1928-1931).[4] Nalika taun 1931 panjenenganipun dados asistènPierre Daure wonten ingUniversité de Bordeaux, penjenenganipun mbimbing mahasiswa angsal sertifikat makarya praktek (PCN sarta PCB), taun 1936 penjenenganipun nyiapaken tesis kanggé dhoktor ngèlmu fisika wonten ing fakultas ngèlmu fisikaParis.[4]
Penjenenganipun dados pamenangBebungah Nobel Fisika nalika taun 1966 amarga penemuan kaliyan pangembangan métodhe optik kanggé nyinaoniresonansi Hertz maring atom.[5]
Kastler ugi naté nyerat gurit (ngagem basaJerman).[5] Nalika taun 1979 panjenenganipun nyetak gurit mau kanthi irah-irahanEurope, ma patrie: Deutsche Lieder eines französischen Europäers (Europe, my fatherland: German songs of a French European).[5]
Kauripanipun Profesor Kastler nalika panalitèn punika sok dipuntelasaken kanggé neliti wonten ingÉcole Normale Supérieure, Paris wonten meriku penjenenganipun laksanakaken riset cilik spektroskopi sesarengan kaliyan mahasiswanipun, Jean Brossel sasampunipun yuda/perang.[6]Bebarengan kaliyanJean Brossel, penjenenganipun nelitimekanika kuantum, interaksi wataranipuncahya kaliyanatom, sartaspektroskopi.[6] Kastler, nyambut damel wonten ing resonansi optik kaliyanresonansi magnetik, ngembangken tèhnik "pompa optik".[6] Karya-karyanipun saged njangkepi téyorilaser kaliyanmaser.[6]
Professor Kastler tilar dunya nalika surya kaping 7 January 1984, wonten ingBandol,Prancis.[7]
Alfred Kastler ugi dadoshumanis, ingkang remen kaliyan tata-tentrem sarta nentang senjatanuklir. Salaminipun perang wonten ing Aljazair, panjenenganipun protes amargi métodhe sakingComité de salut public d'Alger nalika taun 1958, apartemenipundibakar déningOAS nalika taun 1961[8],salaminipun présidhènLiga Prancis Hewan, Manusia,sapunika karan "La fondation droit animal, éthique et sciences", dipunsebut ugiPrix debiologie Alfred Kastler (atribut penghargaan biologi Alfred Kastler) kanggé bebungahalternatif wonten ing babagan eksperimenhewan[9].Georges Chapouthier nalika taun 1981, panjenenganipun kaliyan [[MichaelDamian]] sartaJean-Claude Nouet, nyerat babagan pembantaian gedhé-gedean, survei kritissaking pertanian intensif. Penyair, panjenenganipun saestunipun panulis gurit basa Jermankanthi irah-irahan « Europe ma patrie-Deutsche Lieder eines französischenEuropäers » dipuncetak déningLibrairie Flinker Martin, Paris.