Abjad Sirilik Serbia (Basa Serbia:српска/Вукова ћирилица,srpska/Vukova ćirilica, tinulis "Serbian/Vuk's Cyrillic alphabet") iku siji saka loro aksara kang dipigunakaké kanggo nulisBasa Serbia, sijiné wujudtulisan Latin (Basa Serbia:latinica, латиница). Aksara iki minangka adhaptasi sakaAksara Sirilik kanggo basa Serbia, lan dirancang taun1818 déning ahli basa SerbiaVuk Karadžić. Aksara iki kanthi resmi dianggo ing taun1868[butuh sitiran].