Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Agama, uga diaranigama, iku tata utawa prinsip kapitayan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta;Allah,Déwa,Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban kang ana gèndhèng-cènèngé karo kapitayan iku.
Tembung "agama" asalé saka basaSansekerta kang tegesé "tradhisi". Banjur tembung liyané ikureligi kang asalé saka basaLatin lan dhedhasar saka tembung verba "re-ligare". Iki tegesé "nalèni manèh". Karepé siji wong kang nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran.
NingTanah Jawa lan ugaIndonésia, ana limang agama kang paling akèh penganuté, yaiku: agamaIslam,KristenProtèstan lanKatulik,Hindhu,Ayyavali, lanBuda. Nanging ing Tanah Jawa uga ora sithik kang ngrasuk agama Jawa utawa lumrahé diaraniKajawèn. Agama iki lair saka pamikir asli wong jawa nanging uga ana pangaribawané saka prinsip-prinsip ajaran Hindhu lan Buda.
Kajaba iku wong-wong kang katurunan Tionghoa ya akèh kang ngrasuk ajaran Konghucu utawaKonfusianisme. Panganut agamaYahudi ing Tanah Jawa uga ana, sanadyan mung sithik cacahé. Semono uga ana wong-wong kang ora percaya karo salah sijining agama babar pisan. Golongan kang kaya mangkéné lumrahé diaraniatheis, nanging sajatiné durung mesthi atheis amarga ana wong kang ora percaya agama nanging percaya karo Allah utawa Hyang Widi.