Afrika ikubawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sadonya sawiséAsia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahingbumi lan 20,4% lumahlemah donya.[1] Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sakmilyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, yaiku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya.Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yaikuAfrika Lor (Maghribi),Afrika Kulon,Afrika Tengah,Afrika Kidul, lanAfrika Wétan.
Afrika diliwati gariskatulistiwa lan duwé warna-warnaiklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé.[2] Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika yaiku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.[3]
TembungAfrika asal saka basaLatin,Africa terra — "Tanah Afri" (wujud jamak sakaAfer) — kanggo nuduhaké pérangan lor bawana mau, wektu iki minangka péranganing nagaraTunisia, papan panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembungAfer manawa sakabasaFenisia,afar tegesé "awu";[4] utawa saka suku Bani Ifran,[5] sing manggon ing pérangan lor bawana iki cedhakKartago; utawa saka basaYunaniaphrike sing tegesé "tanpa adhem"; utawa saka basaLatinaprica sing tegesé "cerah".
Afrika iku dadi padununganmanungsa sing paling wiwitan, saka bawana iki manungsa sabanjuré nyebar menyang bawana-bawana liya.[6][7] Werna-warnafosil sakaspesiés manungsa purba kang wujudé esih kaya kethèk uga akèh tinemu, kaya taAustralopithecus afarensis (dinuga kira-kira saka 3,9–3,0 yuta taun SM),[8]Paranthropus boisei (k. 2,3–1,4 yuta taun SM),[9] lanHomo ergaster (k. 1,9 yuta–600.000 taun SM).[1] Sawijining fosil kerangka manungsa purba sing misuwur diarani "Lucy", saiki disimpen ana ing musiyum nasionalAddis Ababa,Etiopia. Manungsa sing modhèren kanthianatomi wiwit kapisanan wujud fosil ing Afrika saka 195.000 taun kapungkur, nanging panelitianbiologi molekulèr nemu tandha-tandha prakiran wektu pamisahan nènèk moyang sakabèhé populasi manungsa modhèren yaiku 200.000 taun kapungkur.[10][11][12][13][14]
Paternakan kéwan diprakirakaké wis diwiwiti taun 6000 SM ingAfrika Lor.[15] Ing taun 4000 SM, iklimSahara molai dadi garing lan banjur rikat banget dadiara-ara.[16] Akibaté wewengkon sing bisa kanggo panggonan wong tani dadi sithik, amarga iku nggarai mingrasi menyangAfrika Kulon kang wewengkoné nduwé iklim luwihtropis.[16]
Wiwit kira-kira taun 3300 SM, wiwit tinemu cathetan sajarah ing Afrika Lor, yaiku saka paninggalanperadabanPirngon ingMesir Kuna.[17] Salah sawijining peradaban paling kuna lan suwé umuré ing donya, kakuwaosan Mesir Kuna iku ngadeg lan nyebaraké warna-warna prabawa ing wewengkon-wewengkon liyané nganti tekan taun 343 SM.[18][19] Wong Fenisia saka Tirus (saiki ingLibanon) uga nuwuhaké punjer peradaban sing indepènden ingKartago kang dumunung ana ing pasisir lor-wétan Afrika.[20][21][22] Ing taun 332 SM,Alexander Agung yasa kuthaAlexandria ing Mesir, kang sabanjuré dadi kutha krajan sing mégah lan minangka panggonan panguwasaPtolemeus Mesir.[23]
Perkembangan agamaKristen ing Afrika wis molai saka abad angka 1, yaiku wiwit diadegakéGréja Ortodoks Alexandria déning Santo Markus sang Panginjil watara taun 43.[24] Agama Kristen sumebar ing pirang-pirang tlatah sakaPalestina ngantiMesir, uga ngliwati wates kidulé wewengkon Romawi menyang Nubia lan abad angka 6 uga wis teka ing Ethiopia. Ing mangsa awal abad angka 7 nganti abad angka 8, agamaIslam sumebar ana ing tlatah Afrika Sub-Sahara, mligi ngliwati jalur dagang lan migrasi.[25]
Afrika iku wewengkon kebakalas kang lembab, padhang pasir kang garing, lan alastropis. Afrika ugi bawana kang kebakbukit kang dhuwur lan ing pucukipun diubengisalju,sabana, lan udan kabutangin.
Afrika iku bawana gedhé dhéwé saka telu bawana ing belahan kidul Bumi lan sing gedhé dhéwé kaloro sawiséAsia. Jembaré kurang luwih 30.244.050 km2 (11.677.240 mil2) kalebu kapuloan ing saubengé, nyakup 20,3% saka total dharatan ingbumi lan didunungi punjul 800 yuta manungsa, utawa watara sapropitu populasi manungsa ing donya.
Kapisah sakaÉropa déningSagara Tengah, Afrika nyawiji karoAsia ing pucuk lor-wétan liwatTerusan Suez sing ambané 130 km.Ujung Sinai sing diduwèni déningMesir kerep dianggep kanthi geopolitis minangka péranganing Afrika. Saka ujung paling lor,Tanjung Spartel ingMaroko, ing 37°21′ lintang lor, tekan ujung paling kidul,Tanjung Agulhas ingAfrika Kidul, 34°51′15″ lintang kidul, kabentang wewengkon sing leté 8.000 km; saka ujung paling kulon,Tanjung Verde, 17°33′22″ bujur kulon, nganti ujung paling wétan,Ras Hafun ingSomalia, 51°27′52″ bujur wétan, leté watara 7.400 km. Dawaning garis pasisir 26.000 km (minangka perbandingan, Éropa, sing duwé jembar 9.700.000 km² duwé garis pasisir 32.000 km).
Lumrahe wewengkon Afrika awujud lemah kang garing. Kualitas lemah kang kurang apik lan gampang rusak. Akèh lemah kang kurangsubur amarga ngandhut akèh laterit, yaiku jenisewatu kang gawé warna abang lemah.
Ana pratandha cetha saka tambahé jaringan antarané organisasi lan nagara Afrika. Contoné, ing perang sipil ingRépublik Dhémokratis Kongo (biyènZaire), tinimbang nagara non-Afrika sugih kang ngintervénsi, nagara-nagara Afrika tetanggan dadi mèlu (deleng ugaPerang Kongo Kapindho). Wiwit konfliké wiwit ing taun 1998, kira-kira kurban jiwa wis tekan 5 yuta.
Uni Afrika (AU) iku sawijining fédherasi 54-anggota dumadi saka kabèh nagara Afrika kajabaMaroko. Panunggalan iku kawangun, kanthiAddis Ababa,Étiopia, minangka kantor punjer, tanggal 26 Juni 2001. Panunggalan iku resmi diadegaké ing 9 Juli 2002[26] minangka penerusOrganisasi Afrika Bersatu (Organisation of African Unity, OAU). Ing Juli 2004,Parlemèn Pan-Afrika (Pan-African Parliament, PAP) Uni Afrika dipindhah menyangMidrand, ing Afrika Kidul, nangingKomisi Afrika ing Hak Manungsa lan Bangsa tetep ing Addis Ababa. Ana aturan kang isih berlaku kanggo desentralisasi institusi Federasi Afrika kang supaya padha dibagi déning kabèh nagara.
Uni Afrika, aja bingung karo Komisi AU, wis kawangun déningUndhang-Undhang Konstitutif Uni Afrika, kang yakuwi kanggo ndandaniKomunitas Ékonomi Afrika, sawijining persemakmuran keklumpukan, menyang nagara sing ing pengakuan internasionalé dikukuhaké. Uni Afrika nduwé pemerintah parlementer, yaikuAfrican Union Government, dumadi saka organ lègislatif, kahakiman, lan èksekutif. Iku dipanggedhèni déning Présidhèn lan Kepala Negara Uni Afrika, sing uga PrésidhènParlemèn Pan-Afrika. Wong dadi Présidhèn AU amarga kapilih déning PAP, lan salajengipun éntuk panjurung mayoritas ing PAP. Kakuwasan lan otoritas saka Présidhèn Parlemèn Afrika asalé saka Undhang-Undhang Konstitutif lanProtokol Parlemèn Pan-Afrika, sarta warisan saka panguwasa présidhèn ditetapaké déning prajanjèn Afrika lan prajanjèn internasional, kalebu sing subordinating Sekretaris Jenderal ing SekretariatOAU (Komisi AU) kanggo PAP. Pamarentah AU kasusun saka otoritas kabèh-uni (fédheral), regional, nagara, lan kotamadya, uga atusan institusi, sing bebarengan ngatur urusane dina-dina ing institusi.
Hubungan pulitik kaya ta Uni Afrika ngewéhi pangarep-arep kanggo ko-operasi lan tentrem luwih antarané akèh nagara ing bawana iki. Penyalahgunaan hak manungsa ekstensif isih dumadi ing sawatara péranganing Afrika, asring wonten ing kelalaian saka nagara. Akeh pelanggaran kelakon kanggo alasan pulitik, asring minangka efek sisih perang sipil. Negara ing kana pelanggaran hak manungsa utama wis dilapurké akir-akir iki kalebuRépublik Dhémokratis Kongo,Sierra Leone,Liberia,Sudan,Zimbabwe, lanPanté Gadhing.
Afrika lor kapérang saka nagaraAljazair,Maroko,Tunisia,Libia,Mesir, lanSudan. Ing kabèh nagara iki, sapérangan akèh padununge yaiku wong-wongArab lan agamanéIslam. Basa kang utawa ing wewengkon iki yaiku basaArab lanPrancis. Awit 5000 taun kapungkur, ing sadawané wewengkon lor Afrika wis ana masarakat kang duwé kabudayan kang luhur. Kaya taMesir Kuno, salah sijiné masarakat kang ngembangaké kabudayan kang luhur.Wewengkon Afrika Lor dadi laladan kang ngasilaké pangan, kaya ta:Kurma,Zaitun, lanAnggur, ditandhur bareng karo sayur-sayuran lanpari. Wewengkon kang ditukulisuket dianggo kanggo nginguwedhus, lan raja-kaya liyané. Saka paternakan iki diasilakewol lankulit mentah.
Wewengkon iki kapérang saka nagaraEtiopia,Somalia,Djibouti,Rwanda,Burundi,Uganda,Kenya, lanTanzania. Laladan iki awujud wewengkon gisik pasisir kang rata, munggah marangplato kang dhuwur, kang kapedhot déning tlaga lan gunung-gunung kang dhuwur. Ing Afrika Wétan akèh ditemoni masarakat keturunan kang béda-béda, duwé basa kang béda uga. Nanging sapérangan akèh nganggobasa Swahili.
↑Eusebius of Caesarea, the author ofEcclesiastical History in the 4th century, states that st. Mark came to Egypt in the first or third year of the reign of Emperor Claudius, i.e. 41 or 43 A.D. "Two Thousand years of Coptic Christianity" Otto F.A. Meinardus p28.
↑Ayoub, Mahmoud M. (2004).Islam: Faith and History. Oxford: Oneworld. kc. 76, 92–3, 96–7.
↑Mesir lumrahé dianggep sawijining nagara lintas bawana (transcontinental nation) kang manggon ing Afrika Lor lan Asia Kulon; gunggung sing ndunungi lan amba wewengkoné minangka pérangan Afrika waé, yaiku sisih kulonéTerusan Suèz.
↑Républik Dhémokratis Arab Saharawi wis diakoni nagara berdaulat déningUni Afrika, nanging wektu iki sapérangan gedhé wewengkon Sahara Kulon dikuwasani déningMaroko sawisé mardika saka Spanyol ing taun 1976, lan statusé isih dadi pasulayan. Klaim Maroko iki ora diakoni kanthi internasional.
↑The Spanishexclave ofCeuta is surrounded on land by Morocco in Northern Africa; population and area figures are for 2001.
↑The PortugueseMadeira Islands are often considered part of Northern Africa due to their relative proximity to Morocco; population and area figures are for 2001.
↑The Spanishexclave ofMelilla is surrounded on land by Morocco in Northern Africa; population and area figures are for 2001.
↑Bloemfontein is the judicial capital of South Africa, whileCape Town is its legislative seat, andPretoria is the country's administrative seat.