Aeromodelling ya iku kagiyatan sing nggunakaké saranaminiatur (model)montor mabur kanggo tujuan rekreasi, edukasi lanOlahraga. Kagiyatan iki lumrahé disenèngi déning peminat èlmu kawruh, tèknologi lan peminatOlahraga ing kijenan utawa sing gabungan saka organisasi/klub, aeromodelling éwoningAerosport lanPramuka SAKA Dirgantara (Ékan Karya Dirgantara) Aeromodelling wis lawas dikenal ing jaban rangkah nanging ing Indonesia relatif kurang populer. Sanajan kurang populer Aeromodelling mesthi dilombakné ing tiap-tiap dhaerah kaya Kejurda(Kejuaraan Daerah), PORPROV (Pekan Olahraga Provinsi), PON (Pekan Olahraga Nasional) nganti Perlombaan Kancah Internasional.
Sajatiné peminat Aeromodelling iki dicacah dados 3 kategori:
1. Peminat Aeromodelling ing kategori mung kanggo kasenengan (fun)
2. Aeromodelling dadi sarana nimba lan nekuni ngèlmu kawruh
3. Aeromodelling dadi sarana pikantuk prestasi olahraga kedirgantaraan
Lumrahé kategori kaloro sing terakhir duwé gayutan caket lan konsisten ing nglakoni kagiyatan iki. Kagiyatan Aeromodelling ora namung nyiapaké rèmaja kanggo nekuni profesi penerbangan amarga ana 2 prabawa sosial, sing pisanan ya iku ngelatih katekunan, kasabaran lan ketlaténan uga kanggo ngrasakaké kaendahan, kaloro kita olèh aji tambah/bekal kanggo karieripun ing jero ngèlmu penerbangan.
Pesawat model sing digunakaké ing kagiyatan Aeromodeling bisa diklompokaké dadi salah siji saka telung kelompok:
1.Pesawat Free flight (F/F) mabur tanpa kontrol eksternal saka tanah. Jinis model nggunakaké kakuwatan tangan penerbang.
2.Pesawat Control line (C/L) nggunakaké kontrol kabel/tali (racaké loro) siji gawé sayap sing sijiné gawécontroller. variasi saka sistem iki ya iku model Round-the-pole flying (RTP)/ model sing muteri cagak.
3.Pesawat radio kontrol nggunakaké pemancar sing dilakokno karocontroller, ngirimké sinyal radio ana ing panrima saka model sing nglakokaké servo supaya pesawat bisa mabur ngepas karo apa sing dipingini.
![]() | Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniModels of aircraft. |
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |