Associazione Calcio Milan (dicekakAC Milan utawaMilan waé) ya iku sawijining klub bal-balan utawabal-balanItalia kang basisé ana ing kuthaMilan. Milan main nganggo seragam garis abang-ireng lan clana ireng, saéngga dijulukirossoneri ("abang-ireng"). Milan dadi tim paling sukses kapindho sajeroning sajarah bal-balan Italia, dadi juaraSeri A kaping 18 lan Piala Italia ping lima.
Klub iki diadegaké taun1899 kanthi jenengKlub Kriket lan Sepak bola Milan (Milan Cricket and Football Club) déning Alfred Edwards, sawijining ekspatriat sakaInggris. Minangka pakurmatan marang asal-usulé, Milan tetep ggunaaké ejaanbasa Inggris jeneng kuthané (Milan) tinimbang nganggo ejaanbasa ItaliaMilano.
Stadion tim wektu iki ya ikuStadion Giuseppe Meazza kang kapasitasé 85.000 pemirsa. Stadion iki juga kaloka kanthi jeneng San Siro. Stadion iki dipigunaaké bebarengan karoInternazionale ("Inter"), klub gedhé liyané ing Milan. Suporter AC Milan nggunakaké "San Siro" kanggo nyebut stadion iku amarga mbiyènéGiuseppe Meazza dadi juru main bintang ing Inter. Nanging, mengkoné, ana wacana kanggo mindahakéhomebase Milan menyang stadion anyar, kaya sing diungkapaké déning wakil présidhènAdriano Galliani ana ing taun 2006.
Miturut sajarah, AC Milan (Ning Italia diarani "Milan" waé) dijurung déning kaum punggawa lan kelas buruh ing Milan (lumrahé para migran saka laladan Italia sisih kidul), déné Inter luwih éntuk panjurung saka wong-wong sugih. Sanajan kaya mangkono, ana ing taun-taun pungkasan, basis pendukungé wis akèh owah-owahan.. Milan saiki diduwèni déning ratu médhia lan mantanMahamantri Italia,Silvio Berlusconi, déné Inter diduwèni déning pebisnis garis tengah-kiwa,Massimo Moratti. Sanajan ngono, basis pendukung Milan mayoritas duwé haluan pulitiksayap kiwa, sebrang-sebrangan karo Inter kang didominasi déning pendukung kang kanthi tradhisional duwé haluan sayap tengen. Grup pendukung (ultras) kang misuwur saka Milan ya iku Fossa Dei Leoni kang duwé ilèn ekstrim kiri, lan Brigate Rossoneri ilèn ekstrim kanan. Sawisé keributan karo suporter Inter ana ingderby mangsa kompetisi 2005/2006, Fossa Dei Leoni mbubaraké diri kanthi organisasi. Sanajan mangkono, massané isih setia njurung Milan ing tribun mirunggan pérangan kidul stadion San Siro bebarengan karo golongan liya, kanthi sebutanCurva Sud.
Mangsa kejayaan Milan ing era sepakbola modhèren ya iku awal dekade 90-an nalika mendominasiLiga Italia nalika diasuh déningArrigo Sacchi, lan diterusaké déningFabio Capello. Puncaké, Milan ngrebut trofiLiga Champions ing taun 1994 ngalahakéBarcelona ing babakfinal. Sakpungkuré Capello (kang nyebrang menyang Spanyol kanggo nglatihReal Madrid), Milan terus mlorot lan lagi bisa ngraih gelar juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 1998/1999 nalika diasuh déning pelatihAlberto Zaccheroni. Amarga surut gelar, Zaccheroni nuli diganti déning mantan juru main Milan,Carlo Ancelotti. Ancelotti kasil nggawa Milan ngraih gelar juaraLiga Champions ing mangsa 2002/2003 nalika ngalahaké Juventus liwat drama adu pinalti ingManchester,Inggris. Milan ngraih gelar prestisus pungkasan kanthi ngrebut juara Liga Italia ing mangsa kompetisi 2003/2004 sisan ndadèkaké penyerangAndriy Shevchenko minangka pencetak gol paling akèh ing Liga Italia.
Jawara UEFA Liga Champions mangsa taun 2002–03
Ana ing mangsa kompetisi Liga ItaliaSeri A 2006/2007, Milan kesangkut skandalcalciopoli kang ndadèkaké klub iku kudu wiwit kompetisi kanthi pengurangan 8 poin. Sanajan mangkono, publik Italia tetep bangga amarga ing tengah rusaké citra bal-balan Italia akibat calciopoli, Milan kasil njuarai kompetisi sepakbola kang paling gengsi sadonya,Liga Champions. Prestasi mau direngkuh sawisé Milan naklukaké Liverpool 2-1 liwat loro gol-éFilippo Inzaghi. Gelar iku nuntasaké dendam Milan kang kalah nalika adu penalti karo Liverpool rong taun sadurungé. Gelar pencetak gol paling akèh disabet déning juru main jenius Milan,Kaká kanthi 10 gol. Ana ing pertengahan mangsa, Milan ngundang mantan juru main paling apik sadonya,Ronaldo sakaReal Madrid kanggo nguataké armada penyerang sawisé penyerang anomMarco Borriello diukum amarga konangan nganggo doping. Sawisé mangsa kompetisi 2006/2007 bubar, santer dikabaraké yèn Milan bakal kélangan Kaká kang diburu déning Real Madrid.Trequartista asal Brasil iki pancèn wis dadi buronané Madrid kang wis suwé péngin nuku. Madrid nawaraké dhuwit 80 yuta euro utawa setara karo 980 miliar rupiah kanggo transfer Kaká. Kaká ditawari gaji resik 12 juta euro per mangsa, sarta 100% kasil dodolan "merchandise"é. Gaji iki nilainé lipat 2,5 saka gajiné ing Milan. Yèn Kaká nampa tawaran Madrid mau, dhèwèké bakal dadi pebola paling larang sepanjang jaman, ngluwihi rekorZinedine Zidane kang mung 47 yuta euro. Bapak sisan agen Kaká, Bosco Leite uga sempat mabur menyang Madrid kanggo rundinganmasalah Kaká. Milan mesthi waé ora setuju nglepasaké kanthi rega pira waé. Madrid sidané nyerah. Amarga kasetiaané mau, Milan janji bakal ngunggahaké gaji Kaká.
Piala Latin (Piala kang paling wigati kanggoné klub-klub Éropah ana ing taun 40-an lan 50-an. Diselenggarakan wiwit 1949 nganti 1957 antara juara-juara Prancis, Italia, Portugal lan Spanyol. Kejuaraan iki ilang sawisé dimulai Piala Champions.)