Watara taun 1600 SM aksara ingabjad Fenisia duwé wangun linear sing dadi dhasar kanggo wangun-wangun sing sabanjuré. Jenengé gegandhèngan raket karoalef sajeroningabjad Ibrani.
Nalikawong-wong Yunani kuna ngadhopsi abjad, wong iku ora migunakakéglottal stop sing dikandhut aksara iki ingbasa Fenisia lanbasa-basa Semit liyané, amarga saka iku dipigunakaké tandha iki kanggo aksara urip/a/, lan mempertahankan jenengé kanthi owah-owahan sethithik (alfa). Sajeroning prasasti-prasasti Yunani sing paling wiwitan sawiséZaman Kekelaman Yunani, sing kadadéan ing abad kaping-8 seb.M., aksara iki ditulisaké turon, nanging sajeroningabjad Yunani sing sabanjuré, aksara iki lumrahé mirib karo aksara kapital A modhèren, sanadyan manéka variasi saenggon bisa dibédakaké kanthi nyendhakaké salah siji sikilé, utawa kanthi sudut papan garis melintang dipapanaké.
BangsaEtruska nggawa abjad Yunani sajeroning peradabané ingJazirah Italia lan ngumbaraké aksara iki ora owah. Wong-wong Romawi sabanjuré ngadhopsiabjad Etruskan kanggo nulisbasa Latin, lan aksara sing diasilaké banjur dilestarèkaké sajeroningabjad Latin modhèren sing diangggo nulis akèh basa, kalebubasa Inggris.
Variasi-variasi tipografis, kalebua susun loro lan susun siji.