
Evaporator yaiku sawijining piranti kang duwé fungsi nowahi sapérangan utawa sekabehane sawijining pelarut saka sawijining larutan saka wujud cair dadi uwab.[1]Evaporator duwé rong prinsip dhasar, kanggo nijolake panas lan anggo misahake uwab kang kabntuk saka cuwèran.[2] Evaporator racaké kasusun saka telung pérangan, yaiku pangijol panas, péranganevaporasi (panggonane cuwèran umub banjur kumebul), lan pamisah kanggo misahake uwab saka cuwèran banjur dilebokake ing kondenser (kanggo diembunake/kondensasi) utawa ing piranti liyané.[2] Asil saka evaporator (produk kang diakrepake) lumrahé bisa wujud padatan utawa larutan berkonsentrasi.[1] Larutan kang wis dievaporasi bisa baé kasusun saka pirang-pirang komponènvolatil (gampang nguap).[1] Evaporator lumrahé digunakaké ing indhustrikimia lan indhustri panganan.[1] Ing indhustri kimia, tuladhané uyah kang digawé saka banyu asin jenuh (minangkka tuladha saka prosès pemurnian) ing evaporator.[1] Evaporator ngowahi air dadi uwab, nyisakake residu mineral ing evaporator.[1] Uap dikondensasekake dadi banyu kang wis diilangake uyahe.[1] Ing sistem pandinginan, efek pandinginan kadhapur saka penyerapan panas déning cuwèran pandingin kang umub kanthi rikat (panguapan mbutuhake ènergi panas).[1] Evaporator uga minangka mroduksi banyu ngombé, yaiku misahake banyu sagara utawa zat kontaminasi liyané.[1]
Evaporator kapérang dadi pirang-pirang jinis, yaiku: