Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ingWikipédia Jawa
bauwarna mardikaabasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 74.421 artikel
Tata Surya ana ing galaksiBimasekti iku golongan barang langit kang kawangun saka sawijininglintang kang diaraniSrengéngé lan kabèh objèk kang kraket déning gayagravitasiné. Objèk-objèk mau kalebu wolungplanit kang wis kauninga kanthi orbit awujudelips, limangplanit cilik, 173satelit alami kang wis kaidhèntifikasi, lan mayuta-yuta barang langit (météyor,asteroid,komèt) liyané. Tata Surya kawangun saka Srengéngé, patangplanit pérangan njero,sabuk asteroid, patangplanit pérangan njaba, lan ing pérangan paling njaba ya ikuSabuk Kuiper lanpiringan kasebar.Awan Oort diprakirakaké ana inglaladan paling adoh kang leté watara kaping sèwu ing njaba pérangan kang paling njaba. Adhedhasar leté saka Srengéngé, wolung planit Tata Surya yaikuMerkurius utawaBuda,Venus utawaSukra,Bumi,Mars utawaAnggara,Yupiter utawaWrehaspati,Saturnus utawaSaniscara,Uranus, lanNeptunus. Wiwit madyaning2008, ana limang objèk akasa kang kaklasifikasikaké minangka planit cilik. Limang planit cilik mau yaikuCeres,Pluto,Haumea,Makemake, lanEris. (Waca candhaké)


Manuk sikatan biru Afrika ing Taman Nasional Kibaale,Uganda.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèhdibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula anaWikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèhmbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawanggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kangdirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ingpaguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoningWikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana65.883 akun lan74.421 artikel ing Wikipédia basa Jawa.Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Proyèk Wikimédia liya
WikisastraWikisastra
Bausastra lan dasanama
WikisumberWikisumber
Kapustakan
Méta-WikiMéta-Wiki
Parepatan proyèk Wikimédia
WikilayangWikilayang
Layang pasinaon
WikidataWikidata
Gudhangdata
MédiaWikiMédiaWiki
Yasa piranti alus wiki
WikipethikanWikipethikan
Klumpukan pethikan
WikifungsiWikifungsi
Katalog fungsi komputer
WikispésiesWikispésies
Pratélan spésies
WikipawiyatanWikipawiyatan
Bakal lan kagiyatan pasinaon
WikilelanaWikilelana
Panuntun lelana
CommonsCommons
Gudhangmultimedia
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wikipédia:Pendhapa&oldid=1718416"
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp